Masih dalam rangka peringatan Hari Anak Nasional (HAN) 2025, Pemkot Blitar ngadani acara Sarapan Nastar alias Saran dan Harapan Anak Kota Blitar, Senin (28/7/2025) ning Balai Kota Kusumawicitro. Acara iki dadi wadah penting kanggo bocah-bocah Blitar kanggo nyampe’no uneg-uneg langsung nang ngarepe Wali Kota Blitar, Syauqul Muhibbin.
________________________
Mas Ibbin, sapaan akrab Wali Kota Blitar, muji keberanian bocah-bocah sing wani ngomong terus terang soal harapan-harapan masa depan. “Tadi banyak sekali harapan yang luar biasa. Mereka terbuka, peduli, dan ini jadi tanda apik. Anak-anak iki bakal dadi pemimpin sukses ndek wektu sing bakal teka,” ujare Mas Ibbin dikutip saka laman Pemkot Blitar dina, Senin (28/7/2025).
Acara iki dibagi dadi limang kluster diskusi. Bocah-bocah padha ngobrol soal bullying, kekerasan seksual, pengaruh konten digital sing ora cocok, nganti soal kesehatan lan pendidikan. Suasanane santai, tapi isine ngena banget.
Saliyane kuwi, Kepala DP3AP2KB Kota Blitar, Parminto, nerangke yen acara iki digawé bareng karo Forum Anak Kota Blitar sing isine 35 bocah perwakilan saka sak-kutha. Forum iki disebut dadi garda paling ngarep nang nglawan bullying, narkoba, lan kekerasan terhadap bocah.
“Kita diskusi langsung, masukan saka adik-adik langsung ditanggapi Mas Wali. Iki bakal dadi catatan penting kanggo arah kebijakan daerah,” ujare Parminto.***



Tinggalkan Balasan