Belanja negara 2026 bakal gedhe-gedhenan. Pemerintah menetapkan anggaran kementerian/lembaga (K/L) neng RAPBN 2026 nganti Rp1.498,2 triliun.
_____________
Sing paling nyedot perhatian, Badan Gizi Nasional (BGN) langsung nggebrak dadi penerima pagu anggaran paling gedhe. Lembaga anyar sing diresmikan 15 Agustus 2024 iki langsung mlebu jajaran elit, tekan Rp268 triliun. Padahal tahun 2025 isih Rp116,64 triliun wae.
BGN dibentuk kanggo ngawal program andalan Presiden Prabowo Subianto, yaiku Makan Bergizi Gratis (MBG). Targeté ora main-main, program iki dikarepake nyentuh 82,9 juta penerima manfaat, saka bocah sekolah, ibu hamil, nganti balita.
Alokasi khusus kanggo MBG 2026 tembus Rp335 triliun. Angka iki meh 5 kali lipat dibanding tahun iki sing mung Rp71 triliun. Hasilé, BGN ngliwati Kementerian Pertahanan lan Polri sing biasane dadi juara anggaran.
Sak totalé, ana 102 K/L sing oleh jatah anggaran. Nanging 10 K/L paling gedhe wis ngisep Rp1.172,8 triliun, utawa 78 persen saka total belanja.
📌 10 K/L Anggaran Terbesar RAPBN 2026:
-
BGN Rp268 triliun (naik saka Rp116,64 triliun)
-
Kementerian Pertahanan Rp185 triliun (turun saka Rp247,5 triliun)
-
Polri Rp145,7 triliun (naik saka Rp138,54 triliun)
-
Kementerian PUPR Rp118,5 triliun (naik saka Rp85,73 triliun)
-
Kementerian Kesehatan Rp114 triliun (naik saka Rp86,08 triliun)
-
Kementerian Agama Rp88,77 triliun (naik saka Rp69,83 triliun)
-
Kementerian Sosial Rp84,44 triliun (naik saka Rp79,59 triliun)
-
Kementerian Pendidikan Tinggi, Sains, dan Teknologi Rp61 triliun (naik saka Rp52,9 triliun)
-
Kementerian Pendidikan Dasar dan Menengah Rp55 triliun (naik saka Rp47,02 triliun)
-
Kementerian Keuangan Rp52 triliun (turun saka Rp71,4 triliun)
Pergeseran iki nuduhake nek RAPBN 2026 wis ora maneh ngunggulke sektor pertahanan. Fokusé saiki luwih ke pembangunan manusia, gizi, lan pendidikan.



Tinggalkan Balasan